Brajadenta Mbalela

“LAKON BRAJADENTA MBALELA”
Ditulis oleh Ki. Punto Ari Wibisono


PATHET NEM

JEJER PRINGGODANI
Iringan Ldr. Flas Kobong, Sl.6
(Jejer Pringgadani Prabu Anom Gatutkaca, Brajamusti, lan Kalabendana).

JANTURAN:

Myat endahing swasana, sasadhara nedheng ndadari, gebyar-gebyar ambababar cahya mulya, yayah eseme kenya remaja putri. Ing ujung ancala anawang praba kekuwung, kinawengan  teja wangkawa weh prabawa hanggresepi, cahyaning hyang rawi pating karelip lir kartika rebut praba.
Anenggih pundi ta ingkang minangka babaring carita, gumelaring Nagari Pringgodani, puraya gung winangun joglo. Sinten ta ingkang jumemeng nata, ajejuluk Prabu Anom Gatutkaca, ya Kacanegara, Arimbatmaja, ya Sang Tetuka. Pasemone katingal sungkawa, genyo menggalih keng paman Raden Brajadenta, dangu mboten sowan ing Pringgodani.
Mila lajeng nimbali keng paman Raden Brajamusti miwah Raden Kalabendana. Mangkana aris wijiling pangandhika, yen ta kawijil ing lesan.

Dhog ..

Pathet Nem Wantah, Sl.6

Leng-leng ramya ningkang, sasangka kumenyar, O..  Mangrengga ruming puri, O.. Mangkin tanpa siring, halep ingkang umah, mas lir murubing langit, O.. Tekyan sarwa manik, O .. O.

Ginem:
Brajamusti : Ngger, anak Prabu Anom Gathutkaca. Jroning pasewakan sampun pepak para sentana tuwin nayaka, samya ngabyantara wonten ngarsa paduka, mangga keparenga paring dhawuh.
Kalabendana : Iya Thut. Aja mung meneng wae, apa ta darunane dene ora gelem pangandhika. Mikir apa, mbok sing uwis ya uwis, ora susah dipikir. Sing during klakon wae ayo padha dirembug, amrih padhange swasana.
Gathutkaca : Paman Brajamusti, punapa dene paman Kalabendana. Salabeting pasewakan mboten jangkep utawi gothang. Paman Brajadenta mboten rawuh ing Pringgadani. Saking petang kulo sampun tri kalenggahan punika, wonten bab punapa, bilih mboten sowanipun paman Brajadenta.
Brajamusti : Duh, angger anak Prabu. Keng paman piyambak kirang ndungkap.
Kalabendana : Kakang Brajadenta kuwi yo ora bener, lirwa ing wajib. Kena den arani mbalelo,keputusane mung kowe thole Gathut.
Gathutkaca : Paman Brajamusti, jengandika lumawat wonten Ksatriyan Kabutulan, kersanipun paman Brajadenta kados pundi. Punapa wonten rena kulo jumeneng nata wonten Pringgadani. Menawi tetela mekaten negari Pringgadani badhe kulo pasrahaken dumatheng paman Brajadenta, tinimbang dados derdah kulo trimah nyentana.
Kalabendana : Ya aja ngono Thut Gathut. Kabeh mau wus dadi keputusane kabeh para kadang Braja. Dene ana siji sing ora rujuk iku dianggep lumrah.
Brajamusti : Angger anak Prabu Anom Gathutkaca, andhika tetepa jumeneng nata ing Pringgadani. Perkawis kakang Brajadenta kulo ingkang badhe nyripih, keparengo purun wangsul wonten ing Pringgadani.
Gathutkaca : Inggih paman, keng putra namung nderek kersa paduka. Paman Kalabendana kulo aturi tindhak sarimbit kaliyan paman Brajamusti, murih saget lebda ing karya.
Kalabendana : Aku mono mung manut-manut wae.
Brajamusti : Keparenga keng paman bidhal ing wekdal punika, namung pamuji paduka ingkang kulo suwun.
Kalabendana : Aku ya jaluk pamit, Thut.
Gathutkaca : Rahayuning lampah, mugi andayani tindhak paduka paman.

Bedhol Jejer.
Drodog ..

Ldr. Limput, Sl.Myr

(Bedholan jejer lajeng adegan Brajadenta, sareng dhatengipun Brajamusti lan Kalabendana)

Ada-Ada Girisa, Sl.6

Yak-sa gora rupa, risedeng nalendra, yaksa lelaku kang malweng kang,  gambira marangah, hangisis suing metu prabowo, lesus lir prakempa, gora mawalikan, O.. Ditya dulbalarsa, mrih sirnaning lawan, wiratri lodra, Ywa..

Brajadenta : Hong Titi Hyang Kala Lodra, Maspatik Raja Dewaku. Dak waspadakake yayi Brajamusti lan Prambandono kang prapta ing kasatrian, yayi pada becik satekamu ana ing ngarepe pun kakang.
Brajamusti : Antuk pangestune kakang Brajadenta sowanku winantu karaharjan.
Kalabendana : Awit pamujine  kakang, aku ora ana rubeda, utawa sa kara kara kara.
Brajadenta : Sajak mengku gati, tekamu ana ing Glagah Tinunu. Moro gage matura kang tetela.
Brajamusti : Ngene kakang, tekaku ing kene diutus Nata ing Pringgadani, anak Prabu Anom Gatutkaca, kinen miterang ana apa kakang Brajamusti wus pirang-pirang pasowanan ora sowan ing Pringgadani.
Brajadenta : Sing takon kudune ora kowe, nanging aku. Geneo kowe wong tuwo ora ngerti alur, ceciklu ana ngarepe bocah wingi sore sing urung ilang pupuk lempuyange, lungguh ngedangkrang, wong tuwo pada dadi kekesete, aku ora lilo aku ora lego, menowo Gatutkaca dadi ratu ing Pringgadani.
Brajamusti : Kakang Brajadenta, opo kowe ora kelingan jaman adage Gatutkaca, para kadang Braja wus diklumpukake ngrembug menowo Gatutkaca kang jumeneng ratu, kabeh wus padha lila. Genea ndhisik kowe mung meneng wae, saiki malah lirwa ing pakaryan.
Brajadenta : Brajamusti, ngelingana Gatutkaca kuwi tedhak turune mungsuh. Sedane kanjeng rama Prabu Tremboko kang merjaya Prabu Pandu Dewayana, mbahne Gatutkaca. Patine kakang Arimba kanggo pitukone mbakyu Arimbi nalika dhaup karo Bratasena, Gatutkaca kuwi anak Bratasena. Tegese anak mungsuh, sing kudune dadi ratu kuwi mbakyu Arimbi, menowo mbakyu Arimbi ora keduga dadi ratu, ya pun kakang sing kudune jumeneng Nata ing Pringgadani.
Kalabendana : Aja kaya ngono kang, kabeh kuwi mau wus kebacut. Mundhak gawe perkoro ora rukune sedulur.
Brajamusti : Kalabendana kowe bocah wingi sore ngertimu apa. Ora susah melu campur perkara iki. Yen aku kon nyembah dlamakane Gatutkaca luwung kukut jagdku.
Ada-Ada Jugag
Kagyat rising kapirangu, rinangkul kinempit-empit, duh sang retnaning bawana, O..
Brajadenta : Kakang Brajamusti, tumeka ing kene kena den arani duta mungkasi. Pinaringan purba wasesa, menawa ora gelem sowan marang negara Pringgadani, budi ndak sembadani.
Brajamusti : Metua njaba, parat.

(Dal perang, rame denyo pancakara, ngantos 3 dino, 3 wengi).

Pocapan

Datan ana kang kasor genya sami bandayuda, lami denya pancakara ngantos telung dino telung wengi. Raden Gatutkaca hanyranti sang duta tan sranta, mesat saking nagari, nungko keng paman Brajamusti. Ngambah dirgantara kebat kaya kilat, kesit kaya thatit. Wus prapteng unggyane kang sami bandayuda. Brajadenta prayitna praptane Raden Gatutkaca, Brajamusti jinengkangaken, Brajadenta ajrih dening Raden Gatutkaca, mlajar anggendring.

(Prang slot sampak, lajeng srepeg sanga medal punakawan (Petruk lan Gareng, gojek sawetara lagu buto-buto galak).
Sampak

(Adegan Setra Gandamayit)


Suluk Jugag Pathet Sanga

Lir sabdaningsun tumiling hangulati, puspita ingkang medem, endah ingkang warni..

Ginem:

Durga : Kaya Brajadenta kang sowan ana ing ngarsa ulun, padha becik satekamu ya kulup, Brajadenta.
Brajadenta : awit saking pangestunipun pandiyo Bathari, sowan kulo winantu ing karaharjan, naming kulo ngaturaken pangabekti.
Durga : Ya iya kulup Brajadenta. Ndak tampa, pangestu ulun tumrapa marang jeneng sira.
Brajadenta : Kulo pundhi saengga jimat.
Durga : Ana parigawe apa tumeka ing kene.
Brajadenta : Nuwun inggih sang pandiya Bathari, awit saking mosiking manah, kulo kepingin jumeneng nata ing Pringgadani. Kulo mboten rila menawi Gatutkaca ingkang jumeneng nata ing Pringgadani.
Durga : Kulup Brajadenta, abot sanggane yen aku nuruti apa kang dadi kekarepanmu. Amarga iki wus kinodrat menawa Gatutkaca kang jumeneng ratu ing Pringgadani.
Brajadenta : Kodrat punika kenging dipun wiradati. Kiranganipun punapa sang pandiya Bathari. Kulo kinten saget ngingeraken kodrat.
Durga : Nanging saranane abot, apa kowe saguh nglakoni.
Brajadenta : Sanajan dumugining pejah badhe kulo lampahi.
Durga : Ana apa-apa tanggungen dhewe, aku mung menehi dalan supaya bisa klakon sedyamu.
Brajadenta : Nuwun inggih kulo sagah.
Durga : Yen mangkono ayo ndak dandani supaya ganti wujud.
(Sampak Sanga, Brajadenta ganti wujud).
Durga : Brajadenta, kowe saiki ora rupa butha, nanging wujud Gatutkaca.
Brajadenta : Lajeng kersa paduka kados pundi.
Durga : Saiki mangkene, wong arep jumeneng ratu becike kowe duwe garwa prameswari. Kowe menyanga negara Ngastina, jumujuga ing taman Kadilengleng, Banowati rimuken supaya gelem dadi garwamu. Kowe saguh apa ora?
Brajadenta : Inggih, kulo sagah.
Durga : Yen mangkono mara gage, aja kesuwen ana ing kene, enggal budhala ndak pangestoni.
Brajadenta : Terwaca dhawuh paduka, keparenga kulo nyuwun pamit.
(Dal srepeg sanga, candhakan adegan Taman Kadilengleng Dewi Banowati, dhatengipun Gatutkaca).
Banowati : Dak waspadakake iki kaya Gatutkaca.
Gatutkaca : Inggih wo dewi, kulo Gatutkaca. Mboten kaya kulo Gatutkaca saestu.
Banowati : Pun wo wes ngerti menawa kowe kuwi Gatutkaca. Aku bisa ngandika mangkono amarga lagi iki Gatutkaca sowan ana ing Taman Kadilengleng.
Gatutkaca : Inggih, awit adrenging manah kulo kepengin sowan sumerep wo dewi.
Banowati : Lo lo, kosik ta kosik. Banjur anduweni sambung rapet apa kok njanur gunung temen.
Gatutkaca : Keparenga keng putra badhe matur, menawi lepat nyuwun pangapunten.
Banowati : Coba mara gage matura.
Gatutkaca : Badhe caos uninga bilih punika keng putra sampun jumeneng nata ing Pringgadani, kulo badhe ngluwari nadar wonten ngarsanipun wo dewi.
Banowati : Kowe nduwe nadar apa.
Gatutkaca : Ngaten wo dewi, rikala kulo dereng dados ratu, nate prasopo. Mbesuk menawa Gatutkaca dadi ratu ora ujar ora kaul, wo dewi bakal ndak jatukrama minangka garwa prameswari, nora ketan sak gebyaring thatit, punika nadar kulo wo dewi.
Banowati : Gatutkaca. Aja waton muwus aku iki sapa? Aku iki rak uwakmu, dene kowe wani nguca, umpama kelakon raiku tak nggok ngendi, wiring apa kang ndak sandang, yen pamanmu Madukara duka, apa wani nampani dukane.
Gatutkaca : Banowati. Mung kari gelem apa ora? Yen pancen kowe puguh, bakal ndak rudaparipekso.
Banowati : Bat tobattt, Gatutkaca. Kowe mamak ora nganggo petung, ndak wadulake wakmu Duryudana, dadi apa kowe.

Sampak..
Gatutkaca : Sepira dayane wong wadon, krubyuk kabotan pinjung paribasane.
(Candhakan Duryudana).

Ada-ada Jugag Sanga

Petenging ratri gya ambabar, undyaning kang nandhang asmara, O..

Duryudana : Banowati, mlayu-mlayu ana apa.
Banowati : Duh sinuwun, ndadasna kawuningan. Gatutkaca sowan wonten ing taman, nggonjak dhateng pun garwa.
Duryudana : Wah, dudu karepe dewe. Yen mangkono kowe kerio kene, tak wadulke gerangane.
(Dal sampak. Candhakan, bidhalipun Pandawa lan Kresna, dhateng Pringgadani kepanggih Duryudana).

Ada-Ada Manyura

Meh rahina semubang hyang haruna, ka-di netraning anggarapuh, O.. Sabdaning kukila ring, kanigara saketer, kinidunganing kung, O..

Puntadewa : Kaka Prabu ing Ngastina badhe tindak pundi.
Duryudana : Nggih kaleresan pinanggih wonten mriki, kulo caos uninga dhumateng para pandawa, bilih Gatutkaca tumindak sarawentah, wanton mlebet ing taman Kadilengleng, nggonjak dhumateng garwa kulo pun Banowati, kulo mboten trima, Gatutkaca kedah dipun pejahi.
(Sampak, Werkudara dal Pringgadani. Lajeng candhakan Pringgadani, Gatutkaca, dhatengipun Werkudara, Gatutkaca dipun larak lan pala).
Werkudara : Haaaaa… bocah ora urus, gawe irange wong tuwa, kowe ngendhel ndhelake dupeh wis dadi ratu, mamak ora ngerti. Banowati apamu? Aja takon dosa, timbang gawe wiring tak pateni.

(Kresna dhateng saking wingking tanpa gamelan).

Kresna : Yayi Werkudara. Gatutkaca culna yayi. Ana perkara padha dirembug, aja kesusu mundhak kesluru.
Werkudara : Haaa… Ora urusan, kelangan ndhog siji sesuk ngendhog maneh.
Kresna : Apa kowe wes percaya tenan, menawa Gatutkaca tumindhak nalisir. Gek kapan Gatutkaca tumindhak nerak marang paugeran.
Werkudara : Gatutkaca kuwi anakku, arep tak jur, arep tak lebur, sapa sing ngalang-alangi.
Kresna : O o o, yawis yen mangkono. Aku iki wong tuwa mung tutur-tutur menawa dingo, dene ora yo rapapa. Yayi, aku tak ndongeng sawetara. Rungokno dongengku iki, banjur surasanen sing luput endi, sing bener endi.
Werkudara : Haaa .. Ra urus.
Kresna : Petruk, rene truk.

Dongeng:
“Ing sawijining dina ana mbok Rondo duwe anak siji maksih bayi, lan duwe klangenan sona kang ulese putih. Banjur, mbok Rondo arep ngumbahi popoke anake menyang kali. Saben-saben lunga, mbok Rondo nyengkelit peso utawa lading. Bayi mau kon nunggu sona klangenane mbok Rondo mau, mbok Rondo banjur mangkat ngumbahi.
Dumadakan ngerti sangkan paraning bilahi, ana ula kang bakal mangsa bayi mau. Sona kang ulese putih mau ngerti menawa ula bakal mangsa bayi, ula banjur disander sona. Dumadakan sona bisa menang, ula kae mau dadi sawalang-walang nganti sona kapras getih. Saking senenge, sona mau mlayu nusul bendarane mbok menawa bakal golek pangalembana, mbareng wus tekan ngarepe mbok Rondo, weruh sonane kapras getih, dikira bayi iku mau dimangsa sona ne. Sona dicandak banjur dipateni, mbok Rondo banjur bali nyatakne anake mau.
Bareng wus tekan omah mbok Rondo kaget, bayi mau maksih urip. Ing cedhake bayi ono bangke ula, yen ngono ula iku mau sing mateni sona klangenane, mbok Rondo getun keduwung, sona wes kebacut mati.”
Sampak..

(Bibar dongeng rampung, Gatutkca diluwari).

Kresna : Werkudara, kena apa Gatutkaca diluwari.
Werkudara : Aku mbareng krungu dongengmu aja-aja aku sing luput.
Kresna : Mula ta yayi, pikiren kanthi weninge tirta kawicaksanan. Iki dudu perkaramu, nanging perkarane Gatutkaca. Saka pandugaku ana wong kang salah gawe, ngembari Gatutkaca.
(Gatutkaca brabad madosi kang ngembari, lajeng panggih prang Gatutkaca kembar).
Gatutkaca : Ha kecandhak iki wonge sing gawe sengsaraku. He mara gage ngakua sapa aranmu, pupung durung minggat nyawamu.
G. Kaca : Apa kowe ora ngerti menawa aku iki G.Kaca.
Gatutkaca : Gatutkaca kuwi aku, kowe aja ngaku gawar.
G. Kaca : Mbuh raidhep. Gatutkaca sing tenan kuwi ya sing ireng ngene ki.
Gatutkaca : Ora gelem minggat, gambol ndasmu.

(Prang Gatutkaca kembar, sampak. Lajeng rame denya perang Gatutkaca imban bekta mabur inggil lajeng dipun uncalaken dhawah babar Brajadenta. Brajamusti sumerep lajeng prang Brajadenta lan Brajamusti, prang ruket. Gatutkaca bingung sing endi Brajadenta utawa Brajamusti. Waringuten dipun tempilih pejah sareng, manjing epek-epek kiwo lan tengen).

TUTUP KAYON

Komentar

Wayang dan sekitarnya